Sony Xperia XA Ultra - Ngapa aku butuh akun Google™‎?

background image

Ngapa aku butuh akun Google™?

Piranti Xperia™ saka Sony mlaku ing platform Android™ sing dikembangake dening

Google™. Akeh aplikasi lan layanan Google™ sing kasedhiya ing piranti sampeyan nalika

dituku, misale, aplikasi Gmail™, Google Maps™, YouTube™, lan Play Store™, sing

menehi akses menyang toko online Google Play™ kanggo ngundhuh aplikasi Android™.

Kanggo ngoptimalake layanan iki, sampeyan merlokake akun Google™. Contone, akun

Google™ mbisakake sampeyan nindakake kabeh bab ing ngisor iki:

Ngundhuh lan nginstal aplikasi saka Google Play™.

Nyelarasake email, kontak, lan tanggalan nggunakake Gmail™.

Ngobrol karo kanca nganggo aplikasi Hangouts™.

Nyelarasake riwayat jelajah lan tenger sing digunakake peramban web Google

Chrome™.

Ngidentifikasi sampeyan minangka pangguna sah sawise ndandani piranti lunak

nggunakake Xperia™ Companion.

Saka kadohan nggoleki, ngunci, utawa mbusak piranti sing ilang utawa dicolong

nggunakake layanan Manajer Piranti my Xperia™ utawa Android™.
Kanggo informasi luwih lengkap babagan Android™ lan Google™, bukak

http://support.google.com

.

Sampeyan kudu eling jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ sampeyan. Ing kahanan

tartamtu, sampeyan kudu ngidentifikasi awak sampeyan minangka alasan keamanan

nggunakake akun Google™. Yen sampeyan ora bisa menehi jeneng pangguna lan sandi

Google™ ing kahanan kaya mangkono mau, piranti sampeyan bakal kekunci. Uga yen

nduweni akun Google™ luwih saka siki, pesthekake ngetik rincian kanggo akun sing cocog.

Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Akun & slaras > Tambah akun > Google.

3

Tututi tuntunan pandhaptaran kanggo nggawe akun Google™, utawa mlebu yen

wis duwe akun.

Sampeyan uga bisa mlebu utawa nggawe akun Google™ saka pandhuan atur wiwitan nalika

sepisanan nggunakake piranti. Utawa, sampeyan bisa online lan nggawe akun ing

www.google.com/accounts

.

9

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mbusak akun Google™

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Akun & slaras > Google.

3

Pilih akun Google™ sing arep dibusak.

4

Tutul >

Busak akun.

5

Tutul

Busak akun maneh kanggo ngonfirmasi.

Yen sampeyan mbusak akun Google™, fitur kaamanan sing disambungake menyang akun

Google™ ora bakal kasadhiya maneh.

Yen nyilihake piranti marang wong liya kanthi nggunakake tambahan wektu, disaranake

nggawe akun pangguna tamu kanggo pangguna liya, lan nyetel maneh kunci layar kanggo

nglindhungi akun pangguna sampeyan dhewe.

10

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.