Sony Xperia XA Ultra - Nggoleki piranti sing ilang

background image

Nggoleki piranti sing ilang

Yen nduweni akun Google™, layanan web "Protection by my Xperia" bisa nulung

nemokake lan ngamanake piranti yen sampeyan nate kelangan. Yen wis ngaktifake

layanan iki ing piranti, sampeyan bisa:

Nemokake piranti ing peta.

Munekake pepenget yen piranti ing mode Aja ngganggu.

Ngunci piranti saka kadohan lan nyetel supaya piranti nuduhake informasi kontak

sampeyan kanggo sapa wae sing nemokake piranti kasebut.

Mbusak memori internal lan eksternal ing piranti saka adoh minangka cara trakir.

Yen mbusak memori internal piranti nggunakake layanan web "Protection by my Xperia",

sampeyan kudu mlebu nyang akun Google™ sing wis disinkronake sadurunge ing piranti iki

yen piranti diuripake maneh.

Layanan "Protection by my Xperia" bisa uga ora kasedhiya ing kabeh nagari utawa wilayah.

18

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngaktifake Protection by my Xperia

1

Pesthekake sambungan data aktif, lan aktifake layanan panggonan ing piranti.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Palindhungan dening

my Xperia > Aktifake.

4

Centhang kothak yen sarujuk karo sarat lan katemton layanan, banjur tutul

Tampa.

5

Yen dijaluk, mlebua ing akun Google™, utawa gawe akun anyar yen sampeyan

durung duwe.

6

Kanggo mesthekake layanan Protection by my Xperia bisa nemokake piranti

sampeyan, bukak

myxperia.sonymobile.com

lan mlebu nganggo akun Google™

sing wis disetel ing piranti.

Yen sampeyan ngandum piranti karo sawetara pangguna, elinga yen layanan Protection by my

Xperia mung kasedhiya kanggo pangguna sing mlebu minangka pamilik.

Goleki piranti sing ilang nganggo Pengatur Piranti Android™

Google™ nawani layanan web panggonan lan keamanan kang aran Pengatur Piranti

Android™. Sampeyan bisa gunakake kanthi paralel, utawa minangka alternatif, layanan

my Xperia. Yen sampeyan kelangan piranti, sampeyan bisa gunakake Pengatur Piranti

Android™ kanggo:

Goleki lan tuduhake ning endi panggonane piranti sampeyan.

Bel utawa kunci piranti sampeyan, busak kabeh sajerone, utawa tambah nomer telpon

menyang layar ngunci.
Kanggo informasi tambahan bab Pengatur Piranti Android™ pindhah menyang

www.support.google.com

.

Pengatur Piranti Android™ ora bisa mlaku yen piranti dipateni utawa ora ana sambungan

menyang internet. Layanan Pengatur Piranti Android™ mbok menawa ora kasedhiya ing kabeh

negara utawa wilayah.

Ngaktifake Pengatur Piranti Android™

1

Yen nggunakake piranti karo pirang-pirang pangguna, pesthekake sampeyan

mlebu minangka pamilik.

2

Pesthekake sampeyan nduweni sambungan data aktif lan layanan panggonan

aktif.

3

Saka Layar Ngarep, tutul .

4

Golek banjur tutul

Setelan > Google > Keamanan.

5

Seret panggeser ing jejere

Goleki piranti saka kadohan lan Idini kunci lan busak

saka adoh nyang posisi Urip.

6

Yen dijaluk, rujukake sarat lan katemton kanthi nutul

Aktifake.

7

Kanggo verifikasi yen Pangatur Piranti Android™ bisa nggoleki piranti sawise

nguripake layanan, bukak

www.android.com/devicemanager

lan mlebu

nggunakake akun Google™ sampeyan.

19

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.