Sony Xperia XA Ultra - Setelan kamera umum

background image

Setelan kamera umum

Mode jepretan

Super otomatis

Optimalake setelan supaya cocog ing kabeh sesawangan.

Manual

Atur setelan kamera kanthi manual.

Efek AR

Jupuk foto utawa video nganggo sesawangan lan karakter virtual.

Gaya potret

Jepret foto nganggo gaya potret wektu nyata.

Efek kreatip

Trapake efek nyang foto utawa video.

Sapuan Panorama

Jepret foto sudhut amba lan panorama.

Panggawe stiker

Nggawe stiker unik saka foto kasenengan sampeyan saka jendhela bidhik kamera.

Gambar panyisipan rupa

Jepret foto nganggo kamera ngarep lan mburi bebarengan.

Sawetara kamera

Rekam sesawangan sing padha saka sawetara sudhut ing sak layar.

Sound Photo

Jepret foto karo swara latar mburi.

Ngoper antarane mode motret

1

Penet terus tombol kamera.

2

Usap layar menyang mode motret sing dipengini.

Otomatis superior

Mode otomatis superior ndeteksi kahanan nalika sampeyan motret lan otomatis ngatur

setelan kanggo mesthekake supaya sampeyan njepret foto sing paling apik.

Mode manual

Gunakake mode Manual yen sampeyan arep ngepasake setelan kamera sacara manual

kanggo motret lan ngrekam video.

96

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Efek AR

Sampeyan bisa nerapake efek (augmented reality/realitas tambahan) menyang potret

supaya luwih nyenengake. Nalika nggunakake kamera, setelan iki ngijini sampeyan

nggabungake pemandangan 3D menyang foto utawa video. Pilih sesawangan sing

dikepengini lan setel panggonane ing jendela bidik.

Potret Gaya

Sampeyan bisa nggunakake fitur Potret Gaya kanggo nrapake efek owahan nalika

motret foto kanggo mesthekake kasil paling apik. Sampeyan uga bisa nganggo setelan

Sorotan ajaib kanggo nambah pola lampu sorot kanggo mripat.

Nggunakake fitur Potret gaya

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

3

Kanggo nuduhake kabeh gaya, tutul jeneng gaya sing dipilih, contone,

Plemb..

4

Kanggo nambah gaya liyane, tutul

Liyane.

5

Pilih gaya sing pengin ditrapake, banjur tutul kanggo motret.

Nggunakake fitur Magic beame

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur tutul > .

3

Kanggo ngetrapake efek lampu sorot njero mripat, pilih pola sing dikustomisasi.

Efek Kreatif

Sampeyan bisa ngetrapake maneka efek ing foto utawa video sampeyan. Contone,

sampeyan bisa nambah efek Nostalgia kanggo nggawe foto katon lawas utawa efek

Sketsa kanggo foto sing katon luwih nyenengake.

Sweep Panorama

Sampeyan bisa njupuk potret sudhut amba lan panorama saka arah horisontal utawa

vertikal ing gerakan gampang penet-lan-Sapuan.

Njupuk potret panorama

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

3

Kanggo milih arah motret, tutul

.

4

Pencet tombol kamera banjur pindhah kamera alon lan kanthi ajeg menyang arah

saka gerakan dituduhake ing layar.

Face in picture

Sampeyan bisa nganggo mode Face in picture kanggo nguripake kamera ngarep lan

kamera utama kanthi bareng, supaya sampeyan bisa motret sampeyan dhewe karo

subjek foto.

Mode multi kamera

Mode multi kamera ngidini sampeyan motret foto sing nggabungake gambar saka rong

sudhut lan piranti beda. Sampeyan ndeleng rong gambar ing jendela bidik kamera piranti

- siji saka kamera sampeyan lan sijine saka piranti Xperia™ sing disambungake utawa

kamera Sony sing ndhukung teknologi NFC lan Wi-Fi Direct™. Sampeyan banjur bisa

ngowahi sing katon ing jendela bidik sadurunge motret.
Dadi yen sampeyan ana ing panggonan konser, misale, lan sampeyan pengin motret foto

sing nggabungake gambar band saka siji sudut lan pamirsa saka sudut liyane, sampeyan

bisa nganggo mode Multi kamera kanggo efek paling apik.
Sampeyan bisa nyiyapake mode MUlti kamera nganggo NFC, sing masangake rong

piranti kasebut nganggo teknologi Wi-Fi Direct™.

97

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngunakake mode Akeh kamera

1

Uripake fungsi NFC ing piranti sing pengin sampeyan sambungake.

2

Aktifake kamera ing piranti.

3

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

4

Ing layar kaloro piranti, tutul .

5

Demek area deteksi NFC sawiji piranti menyang liyane. Kaloro piranti saiki mestine

nyambung nganggo teknologi Wi-Fi Direct™.

6

Sawisi piranti nyambung, gambar loro bakal katon ing jendhela bidik piranti – siji

saka jendhela bidik kamera sampeyan lan liyane saka jendhela bidik piranti sing

disambungake.

7

Kanggo ngowahi gambar ing jendhel bidik, tutul

.

8

Owahi gambar kaya sing dikarepake. Contone, sampeyan bisa tutul terus gambar

lan seret menyang pinggir liyane jendhela bidik kanggo nggenti urutan.

9

Yen sampeyan wis rampung ngowahi lan siap motret gambar gabungan terakir,

tutul

Rampung > .

Ngundhuh aplikasi kamera

Sampeyan bisa ngundhuh aplikasi kamera sing gratis utawa sing mbayar saka Google

Play™ utawa liyane. Sadurunge wiwit ngundhuh, pesthekake sampeyan nduweni

sambungan Internet aktif, luwih apik liwat Wi-Fi kanggo matesi prabeya kiriman data.

Ngundhuh aplikasi kamera

1

Bukak aplikasi kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur tutul .

3

Pilih aplikasi sing pengin sampeyan undhuh, lan tindhakake instruksi kanggo

ngrampungake instalasi.

Simpen panggonan

Tambah katrangan geografis panggonan (geotag) menyang foto nalika dijepret.

Motret tutul

Tamtokake area fokus, banjur tutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk sanalika

sampeyan ngangkat driji.

Garis pinggir

Pilih kanggo nguripake utawa mateni garis pinggir ing jendhela bidhik kamera.

Pratilik foto otomatis

Sampeyan bisa milih kanggo pratilik foto sawise dipotret.

Aktif

Sawise motret, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe 3 detik.

Mung kamera ngarep

Sawise motret karo kamera ngarep, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe 3 detik.

Mati

Foto utawa video disimpen sawise dijupuk, lan ora ana pratilik sing muncul.

Anggo Tombol swara minangka

Sampeyan bisa milih kepriye pengin nganggo tombol volume nalika njepret foto.

Zoom

Anggo tombol volume kanggo zoom gedhe utawa cilik.

Volume

Anggo tombol volume kanggo ngatur volume.

Rana

98

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Anggo tombol volume kanggo njepret foto.

Swara

Pilih arep nguripakake utawa mateni swara kamera nalika sampeyan njupuk potret.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Simpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

Bukak cepet

Gunakake setelan Bukak cepet kanggo mbukak kamera nalika layar dikunci.

Mung bukak

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera nalika layar dikunci kanthi menet terus tombol

kamera.

Bukak lan jupuk

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan motret kanthi otomatis nalika layar dikunci

kanthi menet terus tombol kamera.

Bukak lan rekam video

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan ngrekam video nalika layar dikunci kanthi

menet terus tombol kamera.

Mati

Werna lan pepadhang

Sampeyan bisa ngatur werna lan pepadhang kanthi manual nalika lambang setelan

werna lan pepadhang dituduhake.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Super otomatis lan mode Video.

Imbang putih

Setelan sing mung kasedhiya ing mode motret

Manual iki ngatur imbangan werna

miturut kondisi cahya. Sampeyan uga bisa ngatur cahya kanthi manual mulai -2,0 EV

nganti +2,0 EV. Misale, sampeyan bisa nambah pepadhange gambar utawa nyuda

cahya sakabehe kanthi nutul kontrol plus utawa minus nalika lambang setelan imbang

putih ditampilake.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan warna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan warna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan warna kanggo langit mendhung.

99

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.