Sony Xperia XA Ultra - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih ing antarane sawetara resolusi lan rasio aspek sadurunge njepret. Foto karo resolusi

sing luwih dhuwur merlokake memori sing luwih akeh.

21MP

5312×3984(4:3)

Resolusi 21 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-

layar amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

16MP

5344×3008(16:9)

Resolusi 16 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

8MP

3264×2448(4:3)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

8MP

3840×2160(16:9)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

3MP

2048×1536(4:3)

Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

2MP

1920×1088(16:9)

Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret pribadhi utawa potret kelompok supaya kabeh bisa dipotret.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

0,5 det.

Setel wektu tundha setengah detik wiwit nutul layar kamera nganti foto dijupuk.

Mati

Potret dijupuk sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

100

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sampeyan bisa nyuda bruwete gambar sing disebabake kahanan peteng utawa obyek

sing obah kanthi nambah sensitivitas ISO. Kajaba iku, yen arep njupuk gambar terang ing

kahanan peteng, sampeyan bisa nyetel sensitivitas ISO menyang nilai luwih dhuwur.

Otomatis

Setel sensitivitas ISO dadi otomatis.

50

Setel sensitivitas ISO dadi 50.

100

Setel sensitivitas ISO dadi 100.

200

Setel sensitivitas ISO dadi 200.

400

Setel sensitivitas ISO dadi 400.

800

Setel sensitivitas ISO dadi 800.

1600

Setel sensitivitas ISO dadi 1600.

3200

Setel sensitivitas ISO dadi 3200.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Ngukur

Fungsi iki kanthi nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya kanggo

subyek sing pengin dijupuk.

Pusat

Nemtokake cahya adhedhasar padhange ing tengah subyek.

Spot

Ngatur cahya ing bageyan cilik subyek sing pengin dijupuk.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar akehing cahya sing nyinari kabeh subyek.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo njupuk potret nalika kondisi cahya surem utawa yen ana

cahya saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu

kilat ing layar kamera:

Otomatis

Kamera kanthi otomatis nemtokake manawa kondisi cahya mbutuhake lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda warna abang ing mata nalika njupuk potret.

Mati

101

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Lampu kilat dipateni. Kadhangkala, kualitas potret malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing

kondisi cahya surem. Njupuk potret sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing

anteng. Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah potret burem.

Lampu

Lampu kamera diuripake nalika sampeyan njupuk foto.

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake nurut gambar sing wis dipilih supaya asil protret bisa apik.

Mati

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret sacara manual.

Kulit mulus

Potret praupan nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine alus.

Anti bureng obah

Gunakake kanggo minimalake kamera obah nalika motret ing gambar sing rada surem.

Bawana

Gunakake kanggo potret lanskap. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapikake gambar sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis nyetel gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo potret ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kaanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kaanan sing surem. Amarga suwene wektu cahya,

kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Wengi sanggan

Gunakake kanggo motret cekel-tangan cahya-surem kanthi panyuda noise lan burem.

Sensitivitas dhuwur

Gunakake kanggo motret tanpa lampu kilat ing kaanan cahya surem. Ngurangi burem.

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane nyolok.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mata abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret gambar ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kaanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero ruangan ing kaanan kurang cahya. Gambar iki njupuk cahya latar

mburi njero ruangan utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo motret teks utawa gambar. Nambahi kontras potret sing luwih tajem.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.