Sony Xperia XA Ultra - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

Sony F3211/F3213/F3215

Pandhuan pangguna iki diterbitake dening Sony Mobile Communications Inc. utawa perusahaan afiliasi lokal, tanpa

jaminan babar pisan. Pangapikan lan owahan ing Pandhuan pangguna iki sing dibutuhake amarga ana salah tulis,

informasi sing ora akurat, utawa ana pangapikan program lan/utawa peralatan, sing uga bisa ditindakake dening

Sony Mobile Communications Inc. sawayah-wayah lan tanpa kabar dhisik. Nanging, panggentian kasebut bakal

digabung karo edisi anyar Pandhuan pangguna iki. Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo gambaran lan ora

kanthi nyata nggambarake piranti.
Kabeh jeneng produk lan perusahaan sing kasebut ing kene kuwi merek dagang utawa merek dagang sing

kadhaptar saka pamilike dhewe-dhewe. Kabeh merek dagang liyane minangka properti saka pamilike dhewe-

dhewe. Hak liyane sing ora disebutake ing kene tetep dilindhungi. Bukak

www.sonymobile.com/us/legal/ kanggo

informasi liyane.
Pandhuan pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu. Panggunaan

program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga tundhuk karo

katemton panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak katelu, waca dhisik

sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora njamin utawa menehi garansi

babagan kasadhiyan utawa kinerja samubarang situs web pihak katelu utawa layanan sing ditawakake.
Piranti seluler sampeyan duwe kemumpunian kanggo ngundhuh, nyimpen, lan nerusake isi tambahan, contone,

dering. Panggunaan isi kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging ora

winates ing watesan saka undang-undang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing tanggung

jawab kanggo kabeh tambahan isi sing diundhuh utawa diterusake saka piranti seluler. Sadurunge nggunakake isi

tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi bener utawa wis diidini. Sony ora njamin

akurasi, integritas utawa kwalitas samubarang isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane. Ing samubarang kahanan

Sony ora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane.
Bukak

www.sonymobile.com kanggo informasi liyane.

Produk iki kalindhungi dening hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran

teknologi kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.
Pamilik isi nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo njaga properti

intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses isi sing kalindhungi

WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal nglindhungi isi, pamilik isi bisa njaluk Microsoft njabut kemampunian

piranti lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin isi sing dilindhungi. Pambatalan ora

mengaruhi isi sing ora kalindhungi. Nalika ngundhuh lisensi kanggo konten sing dilindhungi, sampeyan srujuk yen

131

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Microsoft bisa ngamot dhaptar panjabutan karo lisensi kasebut. Pamilik isi bisa njaluk sampeyan ningkatake

WMDRM kanggo ngakses isine dheweke. Yen nolak ningkatake, sampeyan ora bisa ngakses isi sing merlokake

paningkatan.
Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar AVC

("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing melu

kagiyatan pribadhi lan non-komersial lan/utawa dientuki saka panyedhiya video sing dilisensi dening MPEG LA

kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa ditrapake kanggo

panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu babagan panggunaan promosi, internal lan komersial, lan lisensi

bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Deleng

www.mpegla.com. Teknologi dekoding audio MPEG Layer-3 dilisensi

saka Fraunhofer IIS and Thomson.
SONY MOBILE ORA TANGGUNG JAWAB MARANG DATA UTAWA FILE SING KASIMPEN ING TELPON (KALEBU

NANGING ORA DIWATESI MENYANG KONTAK, TREK MUSIK LAN GAMBAR) SING ILANG, KEBUSAK LAN/

UTAWA KETUMPUK AMARGA PANGANYARAN APA WAE SAKA PIRANTI SAMPEYAN KANTHI SALAH SIJI CARA

SING DIJELASAKE ING PANDHUAN PANGGUNA UTAWA DOKUMENTASI IKI. SONY MOBILE LAN

PANYEDHIYANE ORA TANGGUNG JAWAB APA-APA MARANG KABEH KARUSAKAN, KELANGAN, LAN

DHASAR HUKUM (ING KONTRAK UTAWA TUMINDAK SING MARAI KERUGIAN MARANG WONG LIYA, KALEBU,

NANGING ORA WINATES MENYANG SEMBRONO UTAWA LIYANE) SING NGLUWIHI REGA SING DIBAYAR

KARO SAMPEYAN KANGGO TUKU PIRANTI.
© 2016 Sony Mobile Communications Inc.
Kabeh hak dilindhungi undang-undang.

132

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.